
Kajoran, 22 Maret 2017, Pak MAS’UD IMAM SARDJONO, S.Pd.I Ka UPT Disdikbud Kec. Kajoran kajibah Pangrekso Tomo wonten ing Upacara Dinten Tanggap Warso Kota Mungkid Kaping 33 Dinten Rebo, Kaping Kalih Wulan Maret warso 2017, dipun dereki sedoyo perangkat saha bapa ibu guru sak tlatah Kecamatan Kajoran.

Sak bubaripun Upacara punika, minangka mratelaaken raos syukur dateg gusti ingkang murbeng dumadi, pangarso Pamrentah Kecamatan Kajoran ngaturaken tanda tresna dhumateng bapak saha ibu ingkang nderek upacara, ingkang wenang kasebat luwes anggenipun ngagem busono. Ingkang ketiban ndaru njih puniko :
Bapak Fery Ali saking UPT PKM Kajoran 2
Ibu AM Renawati saking SDN Pandansari
ÂÂ
Ingkang kasuwun nyerahaken njih punika Bapak Mas’ud Imam Sarjana, S.Pd.I ; Ka UPT Disdikbud Kec. Kajoran kaliyan Ibu Hj. Dr. Maksumah ; Ka UPT Puskesmas Kajoran 2